Kisah Islam Nganggo Basa Jawa:” Tafsir Ngimpi Weruh Merpati Mangan lan Muntahaken Mutiara”

Muhammad bin Sirin kuwé wong sing dikenal nduwéni kedigdayaan ngartikena ngimpi. Salah wijining dina Ma’mar ngomong, “Ana wong sing teka nemoni Ibnu Sirin. Dhéwéké ngomong, ‘Aku weruh nang impénku ana merpati mangan mutiara. Sekang merpati kuwé mutahaken barang sing lewih gedhé sekang apa sing depangan. Aku weruh merpati séjén maning sing uga mangan mutiara. Njuran mutahaken barang sing lewih cilik sekang sing depanagan. Sauwisé kuwé njuran weruh maning merpati mangan merpati, ora let suwé njuran merpati kuwé mutahaken barang sing padha gedhéné karo sing depangan mau.

Muhammad bin Sirin ngomong, “Sing sepisan kuwé al-Hasan. Dhéwéké krungu hadits lan ngapiki omongané. Sauwisé kuwé dhéwéké olih hikmah-hikmahé. Sing cilik kuwé aku, aku krungu hadits ningén gampang kelalén hadits kuwé. Sing mangan karo mutahaken padha baé gedhéné yakuwé Qatadah. Qatadah kuwé wong sing paling kuat apalané.”(Khalid ar-Ribath/Sayid Azat Id:al-Jami’ Li Ulumi al-Imam Ahmad, 18/469).

Ngimpiné Ma’mar kiyé detafsiraken déning Muhammad bin Sirin ngendelaken pewarta (perawi) hadits wektu nampa hadits. Seanané aran sing disebutakén beliau yaiku al-Hasan al-Bashri, Qatadah bin Di’amah as-Sadusi lan sebacuté beliau. Sing paling apik nampa hadits yakuwé al-Hasan. Dhéwéké apal teks sewutuhé lan dhéwéké uga paham isi hadits kanti teliti. Sauwisé al-Hasan ana Qatadah, lan dhéwéké awéh ngerti yén lamona loroné kuwé tabi’in sing lewih apik.

Penerjemah Bahasa Daerah / Bahasa Jawa: Sumiati Umi Asmarani (Penulis novel online ISTRI SUAMIKU, BUKAN MENANTU IDAMAN. Cerkak BELIK yang dimuat di Majalah Ancas pada tahun 2022. Novel Bahasa Daerah KAKI TUPON LAN NINI RIKEM yang diterbitkan pada akhir tahun 2022. Cerkak LUMBAN dan HANDPHONE di Majalah BOBA Banyumas pada tahun 2023)

Baca Juga :  Menelisik Korelasi Keterwakilan Perempuan Di Parlemen Dengan Harapan Kesejahteraan 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *