Kisahé Abu Nawas dadi crita sing akéh dewaca kanggo nglipur awak lan olih wejangan sing akéh artiné. Abu Nawas kuwé Penyair sing paling kondang nang jamane Abbasiyah utawa Raja Harun Al Rasyid. Gaya basané katon tertata apik, tata kramane kelas preyayi nang jamané.
Abu Nawas kuwé wong sing paling lucu, cerdik, lan mesti nduwé cara kanggo njawab kabéh persoalan. Siki baé kira-kira 600 tahun sauwisé meninggal, dhéwék ésih bisa ngguyu angger kemutan cara-carané ngrampungi masalah, pikiran sing apik, olok-oloké sing lucu, uga kebijakan lan kejujurané.
Alkisah nang sején wektu, ana maling mlebu maring umahé Abu Nawas. Api-api ngurak supayané maling kuwé ora bisa mlebu, Abu Nawas malah umpetan nang kolong amben. Alhasil, malingé bebas sekarepé ngadhul-adhul seisi umahé Abu Nawas. Ndeleng kedadiayan kuwé, bojoné Abu Nawas kesuh.
Saking kesuhé, bojoné ngasih nyindhir Abu Nawas. “Sampean iki lanang-lanang kok wedi maring maling?”Tudhuhé bojone.
Ora kesinggung, Abu Nawas malah semaur, dhéwké krasa sungkan, rikuh maring malinge, merga nang njero ora nana barang-barang sing ana regané. “Aku ora kepénak angger malingé ngerti, merga nang ngumah ora nana barang sing patut decolong,” sauré Abu Nawas.
Penerjemah Bahasa Jawa: Sumiati Umi Asmarani (Penulis novel online ISTRI SUAMIKU, BUKAN MENANTU IDAMAN. Cerkak BELIK yang dimuat di Majalah Ancas pada tahun 2022. Novel Bahasa Daerah KAKI TUPON LAN NINI RIKEM yang diterbitkan pada akhir tahun 2022. Cerkak LUMBAN dan HANDPHONE di Majalah BOBA Banyumas pada tahun 2023)